Rabu, 18 Januari 2017

teks pembawa acara bahasa jawa

Hay hay haaayyy!! :D yuhuuu yang mau jadi pembawa acara eh pake bahasa jawa lagi.
Tapi bingung kaya gimana? Monggo!


Assalamu’alaikum Warrahmatulloh Wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Lurah Desa Ajibarang Kulon, Bapak Irfan Setiyadi
Ingkang kawulo urmati tim penyuluh
Lan para rawuh ingkang begya mulya
       Sepindhah mangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun pinaringan hidayah saengga kita saged pepanggihan ingkan papan punika kanthi kawilujengan soho kasarasan.
       Kaping kalih, salawat saha salam mugi tansah pinaringan dhumateng junjungan kita Nabi Ageng Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah lan ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun.
Para rawuh ingkang kawulo urmati,
       Kepareng kula minangka pranata acara badhe waosaken menggah susunan acara :
1.      Pambuka
2.      Sambutan-sambutan
3.      Penyuluhan penghijauan
4.      Panutup
Monggo pepanggihan ing dinten punika kita bikak kanthi waosan basmalah sareng-sareng.
Acara sak lajengipun inggih menika sambutan-sambutan.
Sambutan kaping satunggal saking ketua panitia penyelenggara dhumateng Ibu Khansa Fathanis kula sumonggoaken.
Maturnuwun kangge ibu Khansa.
Sambutan kaping kalih saking lurah ajibarang kilen dhumateng Bapak Irfan Setiyadi kulo sumonggoaken.
Maturnuwun kangge Bapak Irfan.
Para rawuh ingkang begya mulya,
Acara saklajengipun inggih menika penyuluhan penghijauan ingkang badhe diaturaken dening Bapak Kiki Agus. Dhumateng Bapak Kiki Agus kulo sumonggoaken.
Maturnuwun Bapak Kiki Agus ingkang sampun maringi kita ilmu.
Acara sak lajengipun panutup. Mugi-mugi elmu saking Bapak Kiki Agus saged bermanfaat lan kita sedaya saged njagi lingkungan. Mbok bilih katah kalepatipun kulo nyuwun agunging pangaksami.
Monggo ing pepanggihan ing dinten punika kita syukuri kanthi waosan hamdalah.

Wassalamu’alaikum Warrahmatullah Wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar